Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Bapak Wakil Wali Kota Pekalongan ingkang dahat kinurmatan, para Bapak dalah para Ibu ingkang satuhu kinabekten, para rawuh ingkang bagya mulya, dalasan para lare ingkang kula tresnani.
Puji sukur kanjuk ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, awit sampung kepareng maringaken sih nugraha dhumateng kita sedaya saged makempal wonten wekdal lan papan menika saperlu mengeti dinten Bapak kanthi rahayu tanpa alangan satunggal menapa.
Dinten Bapak inggih menika dinten kangge ngurmati Bapak. Padhatanipun dinten Bapak dimulyakaken kanthi maringi hadiyah kangge Bapak lan kegiatan kulawargaan. sanadyan parayaanipun mboten mekaten populer kadosta dinten Ibu.
Dinten Bapak dipunwontenaken amargi saking ageng lan awrate tangeel jawabipun Bapak amargi mikul tanggel jawab ing donya tumrap lare lan garwanipun. Bapak ugi nyepeng peran ingkakng wigati ing kulawarga. Saengga mboten saged diicalaken amargi kulawarga mboten namung kasusun saking ibu lan lare.
Saksanesipun menika sedaya Bapak ugi penyangga, sendhehan lan pelindung ing kulawarga.
Kula nggadhahi pangajab kangge lare-lare sedaya supados ngurmati Bapak. Amargi Bapak ingkang nafkahi garwa lan lare-larenipun. Bapak ugi penyangga ing kulawarga. Mekaten sesorah ingkang saged kula aturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten salahing atur ingkakng kirang nuju prana penggalih Bapak Ibu sedaya. Maturnuwun tumrap kawragatosanipun.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar